Kumpulan Teks Pidato Bahasa Jawa yang Bisa Kamu Jadikan Referensi

Pernahkah kalian berpidato di depan banyak orang ? Jadi pidato merupakan salah satu materi pelajaran Bahasa Indonesia yang pernah kita pelajari ketika kita duduk di bangku sekolah, yakni kelas 9 SMP.

Nah, di dalam artikel ini kita akan coba mengulas mengenai pengertian pidato, metode pidato, struktur pidato, jenis-jenis pidato, dan tujuan pidato. Selain itu kita akan memberikan beberapa referensi contoh pidato singkat dengan berbagai tema. Tujuannya agar lebih mempermudah kamu untuk belajar berpidato dan tau bagaimana caranya untuk berpidato yang baik dan benar.

Akan tetapi dalam artikel ini, contoh pidato yang akan kita bahas adalah dengan menggunakan bahasa Jawa. Berikut ini adalah ulasan lengkapnya :

Pengertian Teks Pidato


Teks Pidato Bahasa Jawa

Teks pidato merupakan salah satu bentuk komunikasi satu arah berupa pengungkapan suatu gagasan pokok atau pikiran tentang beberapa hal kepada orang lain dengan tujuan mengajak orang lain untuk melakukan apa yang kamu peritnahkan. Orang yang melakukan sebuah pidato disebut sebagai orator.

Pidato yang baik dan benar bisa memberikan kesan yang positif kepada orang-orang yang mendengarnya. Kemampuan berpidato atau berbicara di depan orang banyak sangat membantu kamu untuk mencapai jenjang karir yang lebih baik nantinya.


Tujuan Pidato


Setiap orang yang melakukan pidato pasti mempunyai sebuah tujuan. Nah berikut ini adalahbeberapa tujuan pidato :

  • Memberikan suatu pemahaman atau sebuah informasi kepada orang lain yang mendengarkan pidato kita.
  • Mempengaruhi orang lain agar mau mengikuti apa yang kita sampaikan dengan suka rela.
  • Membuat orang lain senang dengan apa yang kita sampaikan sehingga orang lain akan lebih mudah untuk memahami apa yang kita bicarakan.

Jenis Jenis Pidato


Pidato Bahasa Jawa

Berdasarkan sifat dari isi pidato, pidato dapat dibedakan menjadi beberapa jenis, yakni :

1. Pidato Pembukaan

Pidato pembukaan merupakan sebuah pidato yang disampaikan secara singkat yang dibawakan oleh MC atau pembawa acara.

2. Pidato Pengarahan

Pidato pengarahan merupakan sebuah pidato yang disampaikan untuk mengarahkan orang lain kepada suatu pertemuan tertentu.

3. Pidato Sambutan

Pidato sambutan merupakan sebuah pidato yang disampaikan apda suatu acara tertentu yang bisa dilakukan oleh siapa saja dengan waktu yang terbatas.

4. Pidato Peresmian

Pidato peresmian merupakan sebuah pidato yang biasa dilakukan oleh orang yang sangat penting atau bisa dibilang berpengaruh untuk meresmikan sebuah acara atau kegiatan tertentu.

5. Pidato Laporan

Pidato laporan merupakan sebuah pidato yang berisikan sebuah laporan dari suatu tugas atau kegiatan tertentu.


Metode Berpidato


Pidato Singkat Bahasa Jawa

Ada empat metode pidato yang biasa digunakan ketika akan menyampaikan sebuah pidato di depan banyak orang, yakni :

  1. Metode Spontanitas
  2. Metode Menghafal
  3. Metode Naskah
  4. Metode Ekstemporan

Kerangka Susunan Pidato


Teks pidato juga memiliki susunan sama halnya dengan proposal atau surat. Berikut ini adalah penjelasan mengenai kerangka susunan teks pidato yang baik dan benar :

  1. Pembukaan dengan salam pembuka
  2. Pendahuluan yang menjelaskan sedikit mengenai isi pidato yang akan kita sampaikan.
  3. Isi atau materi teks pidato : maksud, sasaran, tujuan, rencana, langkah-langkah, dll.
  4. Penutup  yang berisikan kesimpulan, pesan, harapan, dan salam penutup.

1. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Singkat Lingkungan Sekolah


Berikut ini kita akan menuliskan contoh teks pidato dalam bahasa Jawa dengan tema lingkungan sekolah. Karena yang kita ketahui bersama, menjaga kebersihan lingkungan sekolah sangatlah penting akan terciptanya suasana belajar yang aman dan nyaman.

Nah itulah contoh teks pidato singkat bahasa Jawa dengan tema lingkungan sekolah. Semoga dapat membantu kamu dalam menyusun kata-kata untuk pidato di depan orang banyak.


2. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan


Berikutnya kita akan menuliskan contoh teks pidato bahasa Jawa dengan tema pendidikan. Pendidikan merupakan salah satu faktor terpenting untuk kita bisa sukses dan maju di masa yang akan datang nanti. Pidato yang kita tuliskan berikut ini bisa kamu jadikan referensi, karena bahasanya mudah untuk dipahami dan isinya lebih singkat, padat, dan jelas.

Nah itulah pidato singkat bahasa Jawa tentang pendidikan. Semoga dapat bermanfaat untuk kamu dalam menyampaikan pidato di depan orang banyak.


3. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan


Nah kalau yang ini kita akan memberikan referensi tentang pidato Bahasa Jawa tentang perpisahan sekolah. Seringkali kita ingin berpidato dan ingin menyampaikan pesan dan kesan selama bersekolah akan tetapi kita sangat kesulitan untuk mengungkapkannya. Apalagi mengungkapkannya di depan orang banyak dengan menggunakan bahasa Jawa. Kamu enggak perlu khawatir, simak aja teks pidato dibawah ini :

Nah itulah pidato singkat bahasa Jawa tentang perpisahan. Kamu hanya perlu menambahkan beberapa point tertentu saja atau yang menggambarkan sekolahmu seperti apa. Karena contoh diatas sifatnya general atau umum. Jadi perlu kamu rubah sedikit. Semoga dapat bermanfaat untuk kamu.


4. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Narkoba


Berikut ini kita akan menuliskan contoh teks pidato dalam bahasa Jawa dengan tema narkoba. Sebagai generasi muda sangat penting bagi kita untuk mengetahui dampak ketika kita menggunakan narkoba. Karena narkoba akan merubah hidup kita ke arah yang lebih buruk jika kita tidak membentengi diri dari sekarang. Hindari pergaulan yang dapat membawa kamu ke arah yang tidak baik.

Nah itulah pidato singkat Bahasa Jawa tentang narkoba yang bisa kamu jadikan sebagai referensi. Kamu hanya perlu merubah sedikit kata-katanya agar terlihat lebih meyakinkan dengan gaya bahasa kamu sendiri. Semoga dapat bermanfaat untuk kamu.


5. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Kemerdekaan


Yang terakhir kita akan menuliskan pidato singkat bahasa Jawa tentang kemerdekaan. Sebagai generasi muda kita harus selalu menghargai kemerdekaan bangsa ini dengan cara menjadi generasi muda yang cerdas dan dapat bermanfaat untuk bangsa.

6. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tema Sumpah Pemuda

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Bapak kepala sekolah ingkang kawulo bakteni, bapak kaliyan ibu soho karyawan sedoyo ingkang kawulo tresnani. Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Alloh ingkang Moho Agung ingkang sampun menehi kathah-kathah kanikmatan kanggo kito sedoyo sehinggo kito saged sinau ing sekolah kito ingkang kito banggaaken.

Kaping kalihipun anggenipun kulo jumeneng ing ngarsonipun panjenengan sedoyo badhe ngaturaken sesorah babagan sumpah pemuda.

Saben tanggal 28 Oktober meniko bangsa Indonesia mengeti dinten sumpah pemuda inggih puniko salah satunggaling dinten ingkang nedahaken, dhateng kito sedoyo tiyang bilih bangsa Indonesia meniko nggadhahi semangat ingkang inggil.

Waosipun sumpah soho prasetyo meniko kito sedoyo, kawulo kaliyan panjenengan sedoyo soho dipunwarisaken dhumateng putra wayah kanggo mujudaken sedoyo gegayuhan kamardikan soho gesang kanthi gemah ripah loh jinawi toto tentrem karto raharjo. Kito minongko siswo migunani kawajiban semangat anggenipun madok ngelmu.pengajaranmeru

Kulo kiro cekap semanten ingkang saged kulo aturaken babagan sumpah pemuda. Bilih wonten klenta klentunipun kulo aturaken agunging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

7. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tema Cinta Damai

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Bapak ibu ingkang kinormatan,

Sekolah meniko lembaga pamucalan ingkang ngawontenaken panyinaon kanthi teratur uga terarah ingkang dipuntumindakake dening pamucaal profesional kaliyan program ingkang wonten teng lebetipun kurikulum kawiwit saking pendidikan dasar dumugi pendidikan ingkang tinggi utawi inggil.

Sekolah meniko nggadahi peran sae lebet numindakake warisan ngelmu, budoyo, ugo warisan katrampilan. Akhir meniko, kathah kedadosan tawuran murid ingkang tentu nggadhahi pengaruh ingkang mboten sae. Kedadosan tawuran meniko amargi kathah sebabipun. Kados amargi pengeruh rencang, kirang mirengaken saking tiyang sepuh, lan sanes-sanesipun.

Lebet perananipun dados setunggal lembaga ingkang ngawontenaken pamucalan formal, sekolah nanemaken pawucalan iugkang luhur dhateng pamawi wucal, salah satunggalipun yaiku babagan toto tentrem.

Bapak ibu ingkang kinormatan,

Tiyang sepuh meniko nggadhahi kawajiban ingkang wigati lebet perkembangan lare ugo kedah tetep nyukakaken wejangan dhateng anak kito sedoyo. Saniki kathah tawuran, kerengan antara murid satunggal lan satunggal kolo meniko, nyukakaken pertondo dhumateng kito sedoyo menawi tiyang sepuh ugi nggadhahi peran lan njagani toto tentrem ing anak anak kawit awal. Pananeman roso toto tentrem kawit awal kanjengipun anak nggadhahi kelingan gesang tentreman kaliyan sesami.

Pananeman roso toto tentrem ing lare saged dipun wiati kaliyan nepangaken lare cara kekancan ingkang sae kaliyan sesanesipun sahingga kanca uga tiyang benten mucalaken lare konjuk mboten nggadhahi roro dendam majeng tiyang benten, mucalaken lare konjuk nggadhahi raos sportifitas lebet samukawis hal, mucalaken lare konjuk mboten iri kaliyan tiyang benten utawi kanca sanes.

Mucalaken ing lare konjuk mboten mbedakake kanca ingkang satunggal kaliyan ingkang sanesipun, asring ngemutaken lare babagan dolanan kados outbond badhe mucalaken ing lare menawi lare kedah nggadhahi sikap positif, lare kedah kompak kaliyan rencangipun, sami mbiantu, uga gesang sareng lebet katentreman.

Kaliyan basa tiyang sepuh ingkang saged dipunngertosi lare piyambake sedoyo tentu kemawon badhe ndamel lare mangertosi.

Bapak ibu ingkang kinormatan,

Wiwitan pananeman roso tentrem sekedik ing lare badhe nyukakaken kesadharan ing anak uga babagan ingetipun gesang tentreman kaliyang tiyang sanes. Sehinggo naliko dewasa samangkih lare badhe ngelingi uga mboten betah wonten panganiaya lan uga tawuran konjuk naliko ngadhepi masalah.

Mekaten sesorah babagan “cinta damai” meniko kawulo aturaken dhumateng awak kawulo piyambak uga para rawuh sedoyo sumonggo kito saged langkung ngantos-ngantos anggenipun paring piwulangan tumrap putro lan putri kito sedoyo. Cekap semanten ingkang saged kulo aturaken menawi wonten kalepatan kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

8. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Dumateng para rawuh ingkang kinormatan,

Ing kasempetan meniko kawulo badhe sekedhik matur babagan kasarasan. Kasasaran meniko kawontenan sejahtera saking tiyang gesang saupakara jasmani uga rohani.

Kasarasan meniko ngrupikaken anugrah saking Gusti Kang Moho Agung kersanipun kito sedoyo saged nglampahi kegiatan. Kito sedoyo uga kedah saged ngreksa kasarasan saliro kito piyambak-piyambak saderenge telat.

Menawi kasarasan kito sedoyo tetep kerekso, pramilo kito sedoyo saged numindakaken aktivitas sadinten-dinten kanthi lancar amargi lebet saliro ingkang waluyo wonten jiwo ingkang kiyat.

Dadosipun kito sedoyo saged njejer prestasi langkung kathah kagem masa ngajeng bongso kito sedoyo amargi bongso igkang kiyat meniko bongso ingkah sehat. Menawi masyarakat sehat milo satunggal bongso badhe dados sehat uga kiyat, mekatena sawalakipun, tiyang ingkang kathah sesakitan milo bongso badhe dados lemah.

Bapak ibu poro rawuh ingkang kawulo mulyakaken,

Menggah ing mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipuntumindakaken kagem njogo kasarasan, salah satunggalioun inggih meniko olahraga. Olahraga inggih meniko perkawis paling gampil kagem dipuntumindakaken kersanipun saliro tetep sehat. Tuladhanipun senam utawi mlampah lan sepedaan. Olahraga meniko saged ngirangi risiko gerah jantung, stroke, lan diabetes.

Kejawi olahraga, kito sedoyo uga kedah ngasringaken pola dhahar ingkang sehat, inggih meniko kaliyan upakara dhahar dharan ingkang nggadhahi gizi seimbang lan nggadhahi zat-zat ingkang dibetahaken dening badhan.

Kados karbohidrat, protein, mineral, vitamin, ugi lemak non jenuh. Kaliyan ngasringaken pola dhahar sehat badhan badhe waras, nyegah keleman, uga tebih saking penyakit.

Ingkang kaping tigo inggih meniko ngaso, kathah saking kito ingkang langkung migatosaken panyambut damelanipun saking wonten ngasonipun. Dadosipun saliro kraos lemes uga kesel. Pramilo saking puniko saribet punopo padamelan kito sedoyo, sepetaken kagem kendel.

Dados pelajar, kito sedoyo saged ngugenanipun kaliyan perkawis-perkawis kaliyan mbentuk pola sugeng ingkang disiplin, kados to kaliyan ngreksa pola sare ingkang cekap udakawis 6 dugi 8 jam, siram ugi sarapan ingkang mboten lumangkung sadereng sekolah kersanipun mboten kraos ngantuk wonten kelas, ugi kala ngaso istirahat jajan dhaharan ingkang sehat.

Cekap semanten ingkang saged kulo aturaken, mugi-mugi saged migunani kagem kito sedoyo ugi mugi-mugi Gusti Alloh tansah ngreksa kasarasan kito sedoyo. Nyuwun pangapunten menawi wonten salah ukara, amargi kawulo namunga manungsa ingkang mboten luput saking kalepatan.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

9. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Maulid Nabi

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Poro bapak poro ibu ingkang kawulo hormati,

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo sami manjataken raos syukur Alhamdulillah dhateng ngarsanipun Gusti Alloh kang Moho Agung, dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, lan kanikmatan dhumateng kito sedoyo sehinggo kito saged makempal wonten ing majelis puniko kanthi sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing dinten meniko monggo kito niat ibadah dhateng Gusti Pangeran, niat ta’dzim utawi ngormati dinten kelairanipun kanjeng Nabi Agung Muhammad.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken,

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW meniko Nabi ingkang nggadhahi sifat kemanusiaan ingkang paling sae lan paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun kanjeng Nabi inggih meniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken,

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, kanjeng nabi saged mbangun mental bangsa Arab saking jaman jahiliyah nuju jaman islamiyah, kito sampun mangertos wonten kitab-kitab sejarah Islam, bilih saderengipun kanjeng Nabi lair dipun watoni jaman jahiliyah utawi jaman kebodohan. Bangsa Arab ing jaman meniko dereng mengenal sinten Pangeran ingkang disembah, tiyang-tiyang sami nyembah kayu, watu, nyembah berholo, ngumbe arak, maen judi, lan sanesipun sampun kulina, keranten dereng mengenai kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan haram.

Pancene menawi dipun maknani, main niku maknanipun maunya enak tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi judi maknane sing maju dadi. Dadi nopo? Dadi wong melarat. Semanten ugi kertu, duit ing sengker dadi metu. Asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroning sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi remi maknane njareme lami. Tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Barang nek kalah, njareme lami, suwe. Mulane kanjeng Nabi terus dipun utus wonten ing tengah-tengah kebodohan tiyang Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti.

Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken,

Agengipun pengaruh akhlak kanjeng Nabi sehinggo syiar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten tiyang Arab mawon tapi kangge tiyang teng seluruh dunya. Pancen keutusipun kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dhateng sedoyo alam.

Dados kautisipun kanjeng Nabi meniko merata dhateng sedoyo tiyang sedunyo. Mugi-mugi kito mbenjang saged angsal syafaat ing dinten kiyamat.

Kulo kiro cekap semanten uraian singkat babagan Maulid Nabi ingkang saged kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

10. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pernikahan

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Sedoyo poro rawuh ingkang kawulo hormati, wonten mriki kawulo minongko wakil saking tiyang sepuh pengenten jaler inggih puniko bapak Sudibyo sekeluwargo, soho minongko wakil sedoyo pengantar penganten saking desa Madukara, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo wonten mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo.

Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dhumateng bapak Sarji sekeluwargo, dene menopo kawulo sak rombongan tansan dipun sediyakaken papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dhumateng manah kawulo, mboten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosaken amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Alloh SWT.

Saterasipun keranten Bapak Sudibyo meniko wahu mboten saged ngeteraken utawi nyowanaken putra kakungipun dhateng dalem mriki, keranten inggih taksih wonten kerepotan ingkang mboten saged dipun tinggal.

Bapak ibu poro rawuh ingkang kawulo hormati,

Tegesipun moso borongo anggenipun ndidik soho ngramut kados pundi amrih sahene. Keranten Mas Sardiman inggih ngoten meniko kawontenanipun taksih joko thir dereng nate kathah klenta-klentunipun kulo suqun supados dipunarahaken amrih sahenipun supados anggenipun jejodohan saged tentram bahagiya dunyo lan akhirat.

Kaping terakhir, mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno sak cekapipun kawulo sak rombongan mangke ugi nyuwun pamit, mboten sanes inggih nyuwun tamahipun pangestu, mugi-mugi kawulo serombongan wangsul saking dalem mriki ngantos dumugi griyonipun piyambak-piyambak tansah dipun paringono aman wilujeng mboten wonten alangan setunggol punopo.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

11. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tema Khitanan

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Nuwun para pepundhen, para sesepuh lan pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak ibu sedaya para rawuh ingkang kinurmatan. Keparenga kawula semela atur munggel kamardikanipun panjenengan ingkang nembe mawon sekeca wawan pangendikan.

Kawula minangka tetalanging atur, matur ing ngarsanipun para rawuh bilih saking keparengipun Gusti Kang Maha Agung, dene ing wekdal menika saged nindakaken pawiwahan sunatan putranipun ingkang asma Sugeng Purnomo. Selajengipun Bapak Sofyan Hidayanto sakaluwarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para tamu lan matur nuwun, dene panjenengan sami sampun nglonggaraken wekdal saha panggalih rawuh ing pawiwahan menika.

Selajengipun kaluwarga Bapak Sofyan Hidayanto  ngaturaken agunging panuwun dhumateng para kadang, tangga tepalih tuwin para mudha ingkang kanti ikhlas lan legawa paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon Bapak Sofyan Hidayanto sakaluwarga mboten saged ngaturi piwales punapa kemawon, namung saged ngaturaken agunging panuwun mugi Gusti Ingkang Maha Agung ingkang badhe paring piwales ingkang langkung sae.

Selajengipun, Bapak Sofyan Hidayanto sekaliyan nyuwun pandonganipun para rawuh kangge putranipun ingkang dipunsunahaken inggih menika nak Sugeng Purnomo ing dalem mriki. Mugi-mugi enggal mantun lan saged dados putra ingkang bekti dhateng tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah.

Para rawuh ingkang kinurmatan, pungkasaning atur saking Bapak Sofyan Hidayanto sakaluwarga menawi anggenipun nanggepi rawuh panjenengan sedaya kirang mranani penggalih, kersa panjenengan para rawuh paring samodra pangaksami. Saking kawula pribadi bilih atur menika kathah kleta klentunipun kawula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

12. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Budi Pekerti

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Bapak ibu para rawuh ingkang kinurmatan,

Sederengipun kawula matur, mangga kita sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung murba ing dumadi. Wongdene ing wekdal menika kita sedaya taksih saged ngraosaken endahing iman soho Islam.

Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita sedaya Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun nedahaken kita margi ingkang leres.

Bapak ibu ingkang kinurmatan, kawula bingah sanget wonten ing wekdal menika amargi kita sedaya sami saged ngangsu kaweuh babagan budi pekerti ingkang luhur.

Agama Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW kautus wonten ing alam dunya supados nyempurnaaken budi pekerti.

Dados sampun cetha bilih tiyang Islam kedah nggadhahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih menika sedaya tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrepi ajaranipun agama Islam.

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih menika kita sedaya kedah nggadhahi andhap asor dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh.

Menawi kita sedaya saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedaya papan lan panggenan, kita saged gesang guyub rukun tata tentrem karta raharja.

Bapak ibu para rawuh ingkang kawula hormati,

Kawula kinten atur kawula cekap semanten. Menawi wonten atur kawula ingkang mboten mranani wonten penggalihipun panjenengan sami, kawula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

13. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Hari Kartini

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Ingkang kawula hormati bapak kepala SMA Negeri 1 Banjarnegara.

Ingkang kinurmatan Bapak lan Ibu guru SMA Negeri 1 Banjarnegara.

Sederengipun kawula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kartini ing dinten menika, sumangga kita sedaya tansah muji syukur ing pangarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit sih nugraha ingkang keparengaken dhumateng kita sedaya sahingga ing papan menika kita sedaya saged sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Kawula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampung nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.

Sampun kita mangertosi menawi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing kutha Jepara taun 1879. Pramila saben tanggal 21 April menika kita mengeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajat wanita ngantos saged sami kaliyan drajat priya.

Ing wekdal semanten para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan, sahingga mboten dipun keparengaken sekolah lan mboten kepareng nggadhahi pedamelan. Kita saged mirsani samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan drajatipun tiyang priya, saged makarya lan aged nerusaken pendidikan. Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing posisi penting lan strategis, contohipun dados menteri utawi bupati. Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita menika kedah dipunparengaken supados mboten naming ing pawon kemawon.

Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken. Mboten kesupen kawula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sampun linenggah ing pangetan dinten Kartini menika. Menawi anggen kawula matur woten kelepatanipun, kawula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

14. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Syukuran

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Para rawuh, para sesepuh lan pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten. Para rawuh ingkang kinurmatan, sumangga langkung rumiyin tansah muji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Alloh Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kathah-kathah kanikmatan dhumateng kita sedaya sahingga kita sedaya sami saged lenggah makempal ngrawuhi menapa ingkang dados undanganipun Bapak Muhammad Sidik sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa.

Sholawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, kaluwarga, sahabat, saha kita sedaya selaku pengikutipun.

Selajengipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten ing uleman. Yaiku panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Ahmad kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putra mbarep saking Bapak Ahmad sampung purna anggenipun pasinaon ing Universitas Indonesia.

Sanggayaning para rawuh ingkang mulya, kawula minangkani supados dados wakilipun Bapak Ahmad, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu rawuh wonten papan menika.

Selajengipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggih Bapak Ahmad, sakaliyan mliginipun anakmas Endri Wibowo kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 20 Desember 2020 sampun winisuda minangka Sarjana Pertanian ing Fakultas Pertanian Institut Pertanian Bogor.

Ingkang menika Bapak Ahmad sakadang gotrah tansah mamuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Muhammad Sidik, S.E lajeng saged angsal pedamelan ingkang kados pun kersakaken.

Para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten ingkang saged kawula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinanggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kawula saestu tansah nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

15. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Kegiatan Apel Pagi

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Ingkang satuhu kinurmatan panjenenganipun:

Bapak bupati kabupaten Banjarnegara,

Para asisten, staf ahli, saha para pangarsa organisasi perangkat daerah kabupaten Banjarnegara.

Bapak ibu lan saagung para panyarta apel ingkang satuhu cinaket ing manah.

Langkung rumiyin sumangga tansah ngaturaken puja lan puji syukur wonten sahandhap pepadanging Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring sakathahing kanikmatan, karohmatan, lan kawilujengan.

Satemah panjenengan sedaya dalasan kawula, saged makempal, nunggil papan lan nunggih swasana, kanthi wilujeng.

Minangka pribadhi lan minangka jejering pamarintah kabupaten Banjarnegara, kawula ngaturaken raos bingah sarta raos syukur ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya anggota Pegawai Negeri Sipil wonten ing lingkungan kabupaten Banjarnegara ingkang sampun netepi kawajiban nindakaken apel enjang, ingkang katindakaken wonten ing dinten menika.

Kawula suwun dhumateng sedaya jajaran Pegawai Negeri Sipil wonten ing tlatah kabupaten Banjarnegara, saged nyepeng prinsip lan saged nindakaken 9 jalur disiplin kepegawaian kangge mujudaken lancaripun sistem pamarintahan, pelayanan, sarta pambangunan ingkang kita tindakaken.

Ugi dhumateng sedaya pangarsa organisasi perangkat daerah, kawula nggadhahi pangajab, mugi-mugi panjenengan saged paring pitedhah sarta sesuluh lan patuladhan dhumateng sedaya karyawan wonten ing lingkunganipun piyambak-piyambak, supados para stafipun saged nindakaken kedisiplinan ingkang salangkung optimal.

Amargi tanpa dipunparingi patuladhan, pitedhah, sesuluh ingkang sae, pepuntonipun budaya kinerja para Pegawai Negeri Sipil wonten ing lingkungan pamarintahan mboten badhe nggadhahi arah sarta tujuwan, keplasipun kasiling kinerja mboten maksimal.

Bapak ibu ingkang satuhu kinurmatan, sumangga kita sesarengan nindakaken kinerja ingkang efektif, efisien, ugi dipunpakulinaaken komunikasi sarta koordinasi ingkang sae antar lembaga karana kanthi cara mekaten semangku kinerja Pegawai Negeri Sipil wonten ing sistem pamarintahan saged langkung profesional.

Kawula ngajab dhumateng sedaya jajaran organisasi perangkat daerah lan sedaya jajaran lembaga pamarintahan, kalebet kita sedaya minangka aparatur nagari lan abdi masyarakat supados sami ningkataken pelayanan publik, utaminipun ningkataken pelayanan dhumateng masyarakat sae punika saking segi kuwantitas lan ugi  kuwalitas pelayanipun.

Bapak ibu para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged kawula aturaken ing mangajab mugi-mugi sedaya pakaryan ingkang nembe lan badhe kita tindakaken wonten ing kegiyatan pamarintahan punika, saged nuwuhaken kasil ingkang optimal, manfangat sarta wonten paedahipun, tumuju masyarakat Banjarnegara ingkang langkung adil dan makmur. Kirang langkungipun nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

16. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Halal Bi Halal

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, bapak ibu guru ingkang kawula hormati, sarta para kanca ingkang tansah kawula tresnani.

Kanthi rahmat sarta karunianipun Gusti Alloh Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita sedaya saged makempal ing wekdal lan ing papan mriki kanthi wilujeng kalis nir ing sambekala.

Keparenga kawula ingkang pinji minangka wakil saking para siswa ngaturaken sugeng riyadi nyuwun pangapunten sedaya kelepatan kawula sekanca dhumateng bapak lan ibu guru sedaya. Mugi Gusti Pangeran nampi pangapunten kawula lumantar panjenengan sedaya. Gusti Alloh mugi nampi amalipun kita sedaya, tansah ngluberaken karahayon, katentreman lan kaselemetan dhateng kita sedaya.

Mugi-mugi acara halal bi halal menika dados sarang kagem nglebur dosa antawisipun sesami ingkang rumaos lepat mboten malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan lan dosa menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya.

Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng sesami, tresna tresnanan ing antawisipun ingkang mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama ingkang sae, ndadosaken silaturahmi saged lumampah kanthi lancar.

Wonten tetembung menawi silaturahim menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara punika saestu nambahi seserepan tumrap kita sahingga kita saged gesang ing madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahim kanthi sae dhateng sesami.

Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu lan kanca kawula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

17. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Ketua Panitia Acara

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Bapak kyai ingkang kawula mulyaaken, para bapak lan ibu guru ingkang kawula hormati, para tamu saking wali murid saha undangan lintunipun ingkang kawula hormati.

Bapak ibu para rawuh ingkang kawula hormati,

Sederengipun kawula matur napa ingkang badhe kawula aturaken mangke langkung rumiyin kawula muji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat dhumateng kawula lan panjenengan sedaya sahingga kula lan panjenengan saged makempal wonten mriki teng acara Haflah Tasyakur kelas XII MAN Banjarnegara.

Para rawuh ingkang kawula hormati,

Wonten ing mriki kawula atas nami panitia acara ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun dhumateng para bapak lan ibu guru ingkang sampun nyediaaken tempat lan perlengkapanipun.

Ing mriki kawula nyuwun tambahipun barokah lan donga dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh ing acara menika, mugi-mugi sedaya ilmu, bimbingan lan kerja keras kawula diparingi ilmu, bimbingan lan kerja keras ingkang maslahah lan barokah.

Para rawuh ingkang terakhir kawula ngaturaken pangapunten dhumateng bapak lan ibu wali murid selami kawula wonten ing madrasah mriki sering-sering damel susah payahipun para bapak lan ibu pramila sedaya kesalahan kawula dipunaliraken samudra maaf lahir dan batin. Kawula akhiri.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

18. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Nasionalisme

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Kula aturaken matur suwun kagem Bapak Sarji sakaluwarga, ugi kagem sederek sedanten ingkang sampun ngrawuhi adicara ing dinten menika.

Sederek-sederek ingkang kawula tresnani,

Minurut pengamatan kula raosaken wekdal saniki menika kathah warga ingkang kirang nggadhahi raos nasionalisme. Perkawis menika sanget nguwatiraken umpami diterusakn, saged dados perkawis ingkang serius.

Sederek-sederek ingkang kawula tresnani,

Wonten ing jaman saniki menika sampun kirang raos nasionalisme dan kebangsaan. Perkawis menika dipunsebabaken kathah kawula mudha ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados warga nagari Indonesia sebabipun para kawulamudha luwih condong marang pergaulan utawi budaya-budaya manca ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupa acara TV, majalah, surat kabar, utawi kathah warga luwih seneng mundhut produk-produk saking naragi manca dipunsebabaken reginipun ‘lagkung mirah lan kualitasipun langkung sae.

Sederek-sederek ingkang kawula tresnani,

Perkawis-perkawis menika saged  dipunicalaken lan saged mangsulaken raos cinta tanah air negeri kita Indonesia menika kaliyan salah satunggaling upaya inggih punika mundhut barang-barang saking Indonesia, ngormati jasanipun para pahlawan lan para pejuang, tindak dhateng museum-museum nasional utawi monumen-monumen perjuangan.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi saged mbekta perubahan lan saged mangsulaken utawi nguataken rasa nasionalisme kita sedanten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

19. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Acara Ulang Tahun

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Dhumateng Bapak Kepala Desa Kaliyan Perangkatipun ingkang kinormatan,

Para sesepuh pinisepuh ingkang tansah kinabekten,

Para warga lan tamu undangan ingkang mboten saged kawula sebataken setunggal-setunggal ingkang kawula hormati.

Ugi dhumateng rencang-rencang Karang Taruna Sapu Jagat ingkang kawula banggakaken

Langkung rumiyin sumangga kawula derekaken ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsanipun Alloh ingkang taksih paring nikmat lan rahmat dhumateng kita sedaya.

Sholawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW.

Sedaya para rawuh ingkang kawula hormati,

Kawula minangka ingkang gadhah hajat, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Ugi ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun nglonggaraken wekdalipun kangge nyekseni adicara ulang tahun anak kula ingkang kaping pitulas tahun ingkang asesilih Urip Said Abdulloh.

Ugi mboten kesupen kula ngaturaken panuwun dhumateng bapak ibu lan para kadang kaneman awit panjenengan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud punapa kemawon arupi, penggalihan, dana, tenaga, ingkang sedaya kala wau saged damel rancagipun adicara ulang taun anak kawula wonten ing dalu punika.

Sedaya para rawuh ingkang kawula hormati,

Wonten ing adicara ulang taun anak kula ingkang kaping pitulas menika, kula nyuwun donga pangestu, mugi-mugi anak kula ingkang asmanipun Urip Said Abdulloh menika, kanthi tambahipun umur, mugi tambah bektinipun dhumateng tiyang sepuhipun, tambah dewasa, tambah rizkinipun, tambah berkah gesangipun, tambah pinter wonten papan pasenaonipun.

Cekap semanten atur pambagya arja ingkang saged kula aturaken wonten ing kalodangan dalu menika. Kula minangka ingkang gadhah hajat nyuwun pangapunten ingkang sa ageng agengipun menawi anggen kula nglenggahaken para rawuh sedaya wonten ingkang mboten meranani penggalih panjenengan kula nyuwun agenging samodra pangaksami.

Menawi wonten atur kula ingkang klentu ugi mboten meranani penggalih panjenengan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

20. Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Kegiatan Bulan Ramadhan

Assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh

Para rawuh ingkang kula hormati,

Wonten ing kesempatan menika mangga kita sedaya sami muji syukur dhumateng ngarsonipun Alloh SWT ingkang sampun paring nikmat lan rahmat dhumateng kita sedaya.

Ingkang kaping kalihipun sholawat uga salam mugi-mugi tansah dipunlimpahaken kanjeng nabi Muhammad SAW para keluwarga lan para sahabatipun.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Mangga kita sedaya menika sami ningkataken anggenipun taqwa dhumateng Alloh SWT. Tegesipun kita nindakaken perintahipun saha nebihi dhateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih menika Gusti Alloh sampun majibaken dateng kita sedaya supados nglampahi pasa wonten ing wulan Ramadhan.

Pramila saking menika, mangga wonten ing wulan Ramadhan menika kita sambut kanthi gembira. Kita penuhi mawi kegiatan-kegiatan tadarus Al Quran, sodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.

Wonten ing wulan Ramadhan menika kita tindakaken pasa kanthi hidmat saha nebihi larangan-larangan ingkang mbatalakaen pasa menika. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan sanes sanesipun. Miturut  ulama tembung pasa menika basa arabipun saking tembung ingkang hurufipun wonten tiga. Inggih menika huruf Shod, huruf Wawu, lan huruf Mim. Tigang huruf punika nggadhahi artos piyambak-piyambak.

Huruf shod menika saking tembung shumtum ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang pasa menika kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.

Huruf wawu menika saking tembung waroun utawi wiroi ingkang gadhah artos bilih tiyang pasa menika kedah nebihi saking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun wodho minggahipun syara’.

Huruf mim menika saking kata malakun ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiyang pasa menika kedah saged ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun pasa.

Para rawuh ingkang kula hormati,

Sederengipun kula akhiri anggen kula matur, mangga sepindah malih, datengipun wulan Ramadhan menika kta isi kanthi amalan-amalan ingkang sae. Supados mangke medal saking wulan Ramadhan kita angsal nilai-nilai ibadah ingkang sae sehingga saged dipun sepunten dusa dusa kita kranten kanjeng ingkang sae, sehingga saged dipun sepunten dusa dusa kita.

Kintenipun cekap semanten atur kula. Sedaya kelepatan kula nyuwun pangapunten lahir dan bathin.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Itulah penjelasan singkat mengenai pengertian pidato, jenis-jenis pidato, metode pidato, tujuan pidato dan contoh pidato bahasa Jawa yang bisa kamu jadikan sebagai referensi.